Kamis, 14 Maret 2013

sesorah perpisahan



Sesorah Perpisahan

Assalamualaikum Wr.Wb.

          Ingkang kula urmati kepala sekolah SMP N 2 Godean, bpk/ibu guru ingkang kula urmati lan rencang sedaya ingkang kula tresnani.
          Ingkang sepisan sumangga kita sedaya sesarengan ngunjuk atur puji lan syukur datheng gusti Allah SWT ingkang sampun paring hidayah lan inayahipun, dene kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing acara “Perpisahan Kelas IX Tahun 2012/2013”
          Para rawuh ingkang minulya kula minangka wakil saking kelas IX ngaturaken pangapunten bilih kita sedaya wonten kalepatan kaliyan bpk/ibu guru lan rencang sedaya. Lan kula badhe nyuwun doa pangestu mugi-mugi kula lan rencang sedaya kelas IX saget lulus ingkang 100%. Amin.
          Dumateng bpk/ibu guru kula wakil kelas IX ngaturaken panuwun sanget amargi bpk/ibu guru ingkang sampun maringi kita ilmu. Lan sabar angenipun mulang kita. Adik-adik kelas 7 lan 8 kula pesen supados sregep sinau lan ngurmati bpk/ibu guru lan rencang sedaya. Lan kula nyuwun doa restu mugi-mugi kula lan rencang sedaya kelas IX saged nerusaken wonten ing SMA/SMK ingkang dipun cita-citaaken.
          Cekap semanten atur kula minangka wakil kelas IX bileh kalepatan kata ingkang lepat kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.





Perpisahan

Assalamualaikum Wr.Wb.

        Bapak kepala sekolah lan bapak ibu guru ingkang kula urmati, raka kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
          Raka kelas 9 ingkang kula tresnani ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Kula minangka wakilipun kelas 7 lan 8 badhe ngaturaken panampi perpisahan saking raka kelas 9. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijazah mring SMA.
          Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas 9 ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas 7 lan 8. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita naming saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.
          Sejatinipun tugas para raka kelas 9 menika luwih abot maneh. Saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas 9 kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ingkang para raka kelas 9 cita-citaaken saged dipuncapai.
          Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumuturing samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar